Solve With IT

14/08/2009

Njajal Shiretoko

Filed under: Browser — Tags: — ciwir @ 00:38

Pas bukak postingane Blogger Nasional sing bahas babagan Shiretoko ana ing kene iki, awal mulane aku ijik durung percaya nek Mas Andy MSE kuwi bener-bener nginstal tenanan, sebab Firefox 3.0.11 deweke isih isoh murup kanggo komen ing postingane kuwi mau. Aja-aja mung sak dremo dioprek source-nya dowang.

njajal shiretokoMaune aku arepe donlot trus tak install. Nanging, ana ing paragraf akir postingan mau wis ana petunjuk sing gampang dilakoni lan ora mbulet-mbulet lan cepet. Makane aku langsung wae bukak terminal trus tak ketik wae tulisan iki : sudo apt-get install firefox-3.5. Lha kok mung butuh wektu kurang seko telung menit kanggo donlot lan langsung nginstal otomatis Shiretoko alias Firefox 3.5 kuwi mau. wes-wes plas-plas… si Shiretoko wis methungul ana ing aplikasi Ubuntu-ku iki. Kabeh-kabeh addons alias bekakas sing wis ana langsung dicek otomatis pas ngelakokne si Shiretoko iki. Sing cocok ya dijarne wae, sing kurang cocok langsung diapdet. Lha sing ora cocok ya wis kepiye meneh ya dipithes alias diguwang wae-lah. Dadi aja wedi kelangan bekakas trus kudu nginstal maneh. Ora kudu kok.

Lan pancen bener, Firefox 3.0.11 sing kuno kuwi tetep bisa digunakake. Bareng-bareng dinggo yo ora ana masalah je. Addons utawa bekakase ijik tetep fungsi kaya maune. Lha iki rak malah isoh dadi tambahan mesin kanggo mbukak plurk utawa fesbuk uga email nganggo akun sing beda-beda kanthi bareng-bareng. Dadine luwih kepenak anggone mace alias nggodani kanca-kanca ana ing plurk lan fesbuk. (lmao)

tulisan iki uga katulis ana ing kene

VERSI BAHASA INDONESIA ADA DISINI

Share and Enjoy:
  • Digg
  • del.icio.us
  • Facebook
  • Google Bookmarks
  • email
  • HelloTxt
  • LinkedIn
  • PDF
  • Ping.fm
  • SphereIt
  • StumbleUpon
  • Technorati
  • Twitter
  • Yahoo! Bookmarks

14 Comments »

  1. shiretoko emang landhep, koyo benang layangan gelasan toko…

    Comment by Andy MSE — 14/08/2009 @ 03:07

  2. sakjane luwih landhep swiftfox… :D

    Comment by mahendrattunggadewa — 14/08/2009 @ 04:06

  3. nanging, swiftfox crash karo firefox 3.0

    Comment by Andy MSE — 14/08/2009 @ 08:30

  4. nggonku kok ora yooo… ;) nek SeaMonkey piye? jare luwih apik timbang firefox… cuma kalah ngetop wae… :D

    Comment by mahendrattunggadewa — 14/08/2009 @ 15:09

  5. Wah wah ini apalagi yah hehehe

    aku nggak mudeng hiks

    Comment by ajengkol — 14/08/2009 @ 16:07

  6. swiftfox sama firefox 3.0 lib-nya barengan, tapi karena swift itu 3.5 jadinya addons 3.0 nggak jalan, kalau diupdate nanti mogok di 3.0-nya… kalau shiretoko lib-nya sendiri, jadi update addons di shiretoko, yg di ff 3.0 tetep jalan… gitu maksudku…

    Comment by Andy MSE — 14/08/2009 @ 17:20

  7. manteb… aku durung pati’o mudeng (doh)

    Comment by omagus — 14/08/2009 @ 17:33

  8. durung nyobo (doh)

    Comment by endar — 15/08/2009 @ 14:43

  9. apik iki, tapi aku sek dorong isok praktek

    Comment by gajah_pesing — 19/08/2009 @ 11:35

  10. isih setia nganggo shiretoko 3.08 gawanan JJ (doh)

    Comment by masiqbal — 19/08/2009 @ 14:36

  11. @ajengkol, huks
    mari belaajar bersama…
    .-= ciwir´s last blog ..Facebook di Pidgin pada Ubuntu =-.

    Comment by ciwir — 15/09/2009 @ 13:26

  12. Maturnuwun ngge informasinipun.
    .-= Next Jimbun Punya´s last blog ..I’m Falling in Love =-.

    Comment by Next Jimbun Punya — 27/11/2009 @ 13:13

  13. [...] adalah versi 3.0.1, maka saya ingin upgrade menjadi versi 3.5. Tapi, menurut catatan yang ada di sana, mozilla firefox yang terbaru, akan menjadi Shiretoko. Selain itu, bisa berjalan bareng dengan [...]

    Pingback by Browser tambahan; Shiretoko 3.5.5 | Next Jimbun Punya — 27/11/2009 @ 13:27

  14. weeee,sip kang. kapan2 mampir meneh

    Comment by iwan — 28/06/2010 @ 21:39

RSS feed for comments on this post. TrackBack URL

Leave a comment

Powered by WordPress